Multi Supranatural Of Java

Estineng Cipto Marganing Mulyo

Kamis, 29 Januari 2015

Serat Wulangreh

sasmitaning ngaurip puniki,

yekti ewuh yen nora weruha

tan jumeneng ing uripe,

sakeh kang ngaku-aku,

pangrasane pan wus utami,

tur durung wruh ing rasa,

rasa kang satuhu,

rasaning rasa punika,

upayanen daraPon, sampurneng dhiri,

ing kauripanira.

jroning Qur’an nggoning rasa jati,

nanging pilih wong kang uningaa,

anjaba lawan tuduhe

nora kena binawur,

ing satemah nora pinanggeh,

mundhak katalanjukan

temah sasar susur

yen sira ayun waskitha,

kasampurnaning badanira puniki,

sira anggegurua

(Pupuh Dhadanggula, pada 2-3)

Terjemahan :

Makna kehidupan itu

sungguh sayang bila tak tahu

tidak kokoh hidupnya,

banyak orang mengaku,

perasaanya sudah utama,

padahal belum tau rasa,

rasa yang sesungguhnya,

hakikat rasa itu adalah,

usahakan supaya diri sempurna,

dalam kehidupan.

Dalam Qur’an tempat rasa jati,

tapi jarang orang tahu,

keluar dari petunjuk

tak dapat asal-asalan,

akhirnya tidak ketemu,

malahan terjerumus,

akhirnya kesasar,

kalau kamu ingin peka,

maka bergurulah.

Nanging yen sira nggeguru kaki,

amiliha manungsa kang nyata,

ingkang becik martabate,

sarta kang wruh ing khukum,

kang ibadah lan kang wirangi,

sokur oleh wong kang tapa,

iya kang wus mungkul

tan mikir piwewehing liyan,

iku pantes yen den guronana kaki

sartane kawruhana.

Lamun ana wong micara ilmi,

tan mufakat ing patang prakara,

aja sira age-age,

anganggep nyatanipun,

saringana dipun baresih,

limbangen kang patang

prakara rumuhun

dalil hadis lan ijmak,

lan kiyase papat iku salah siji,

adate kang mufakat.

Ana uga kena den antepi

yen ucula kang patang prakara

enak eca legatane,

tan wurung tinggal wektu,

penganggepe wus angengkoki,

aja kudu sembahyang,

wus salat katanggung,

banjure mbuwang sarengat,

batal karam nora nganggo den rawati,

mbubrah sakehing tata.

(Pupuh Dhadanggula, pada 4-6)



Terjemahan :

Namun apabila kamu berguru

pilihlah manusia nyata

yang baik martabatnya

serta tahu hukum

yang beribadah dan sederhana

syukur dapat pertapa

yang sudah menanggalkan

pamrih pemberian orang

itu pantas kamu berguru

serta ketahuilah

kalau ada orang bicara ilmu

tak setuju empat perkara

jangan cepat-cepat percaya padanya

saringlah yang teliti

pertimbangkan empat hal

perkara terdahulu

dalil hadis dan ijma’

dan keempat qiyas semua

telah di sepakati

ada juga yang mantab

kalau tepat empat perkara

sungguh tidak tepat

hanya meninggalkan waktu

menganggap sudah tepat

hendak tidak shalat

hanya bikin tanggung

lalu membuang syariat

batal haram tidak peduli

lalu bikin kacau.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar